Guitar Wildan Priya Wicaksana: Pidato Boso Jowo

Kamis, 03 Maret 2011

Pidato Boso Jowo

Sesorah Basa Jawi

Assalamualaikum Wr. Wb
Poro sesepuh bini sepuh ingkang satuhu kulo bekteni, bapak-bapak, ibu-ibu, para rawuh Dukuh Demak Ijo ingkang kawula kurmati.
Langkung rumiyin monggo kita dherekaken ngunjukaken puji lan syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun kaparing nikmat saha hidayahipun dhumateng kulo panjenengan sami, sahinggo kito saged ngrawuhi punopo ingkang dados pamundhutipun Bapak Widyo Subroto saha keluarga anggenipun tasyakuran wonten dalu puniko.
Kulo wonten mriki pinangka sesulih saking BapakIibu Widyo Subroto, hangaturaken pambagya sugeng rawuh lan matur nuwun dhumateng para rawuh sedhanten ingkang sampun nlonggar aken wekdal saha panggalihipun wonten dalu menika.
Ing sak lajengipun panjenengan sedhanten dhipun aturi rawuh wonten dalu menika, bilih panjenenganipun Bapak Widya Subroto ngawonten aken tasyakuran anggenipun putranipun pun Bimantara sampun cekap anggenipun ngangsu kawruh wonten UGM Ngayogyakarta fakultas farmasi ingkang sampun kawisudha kalawau enjing mbonten wonten alangan satunggal kemawon. Awit saking menika, panjenengan sedaya dipun suwuni doa restu mugi-mugi sak sampunipun wisuda punika putra Bimantara gampil anggenipun pados pakaryan, sageta manfaat dunia lan akhirat.
Paraa rawuh ingkang kula kurmati, ing mbok bilih anggenipun Bapak Widya Subroto nampi kerawuan nipun pajenengan sami katah kekiranganipun, kulo pinagangka sesulihipun nyuwun panagpunten ingkang ageng.
Semanten ugi kulo anggenpun matur wonten lepatipun nyuwun agungin pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar